April 04, 2015

contoh wangsalan sajroning pacelathon(dialog)




riyaya wus cedhak
Conto wangsalan sajeroning pacelhaton(dialog)

Wangsalan
Wangsalan yaiku tetembungan utawa unen-unen sing saemper(mirip) cangkriman nanging batangane wus dikandhakake ing ukara candhake senajan durung cetha. Manut padhipuakaning ukara wangslan keperang dadi 7 (pitu), yaiku wansalan lamba, wangsalan rangkep, wagsalan padinan, wangsalan edipeni, wangsalan memet, wangsalan tinemu ing tembang lan wangsalan sing kanggo nyamistani tembang.

Conto wangsalan sajeroning pacelaton

Endah : “ Mas janur gunung, kadingaren temen kowe dolan mrene”
Wawan : “ Dhik-dhik, walikane kiwa, aku wus kangen karo kowe”
Endah : ” Piye mas kabare nak yo isi sawo, mung sarwa becik wae”
Wawan : “ Ya awit pamujimu tetaku bareng karo ramane Raden Kakrasana, Basuki ora ana  alangan sawiji apa”
Endah : ”Shokur Mas wadah buah, aku melu seneng”
Wawan : “ Hla piye kabare kowe Dhik ra ya Maesa Sura, slamet tanpa reribet”
Endah : ” ya ya mas awit saka pamujimu aku tansah mberas alit, nir ing sambikala”
Wawan : “ Lho Dhik kok ngembang kacang, polatanmu mbesengut ana apa?”
Endah : ” Mas-mas aku iki lagu njagan gori, judhek tenan pikiranku”
Wawan : “ Nadyan akeh masalah sing penting atine kudu kembang gembili, digawe seneng atine”
Endah : ” Mas-mas kowe kuwi lho kok ngembang tebu, glegas-gleges wae”
Wawan : “ Bareng nganggo klambi jawa katon mandhan rawa, mangklingi tenan”
Endah : ” Mula wiwit mau kowe mung pijer anggenta dara, nyawang tanpa leren”
Wawan : “ Yan gene iki lho Dhik yen wong kebacut grojogan banyu, kadung tresna”
Endah : ” Kowe kuwi lho kok lilin nganggo bathik,senenge ngalem wae”
Wawan : “ Iki basa kramane mbako kok Dhik, ya sayatane”
Endah : ” Yen ngono aku kaya rasane uyah, dadi isin”
Wawan : “ Isin-isin dadi siyung gajah, tambah nyanding dadine”
Endah : ” Mina galak ning samodra, bacutna kandamu Mas”
Wawan : “ Swara ning jero dhadha, sansaya tambah dheg-dhegan”
Endah : ” Jenang gula, aja lalli karo aku”
Wawan : “ Telek kukusan dhik, muga-muga kelaksanan”
Endah : ” Petis manis, pangucapmu sing tak ugemi”
Wawan : “ Wes ta dhik isi mendut, entenana panglamarku”
Endah : ” Ya yen gebuge polisi, aku manut karo kowe”
Wawan : “ Yen ngono aku ya kayu kanggo ngejik lemah, setuju karo panemumu Dhik”

muga-muga kanthi conto ing duwur bisa nambah wawasan. matursuwun