| riyaya wus cedhak |
Wangsalan
Wangsalan yaiku tetembungan
utawa unen-unen sing saemper(mirip) cangkriman nanging batangane wus
dikandhakake ing ukara candhake senajan durung cetha. Manut padhipuakaning
ukara wangslan keperang dadi 7 (pitu), yaiku wansalan lamba, wangsalan rangkep,
wagsalan padinan, wangsalan edipeni, wangsalan memet, wangsalan tinemu ing
tembang lan wangsalan sing kanggo nyamistani tembang.
Conto wangsalan sajeroning pacelaton
Endah : “ Mas janur gunung, kadingaren temen kowe dolan
mrene”
Wawan : “ Dhik-dhik, walikane kiwa, aku wus kangen karo
kowe”
Endah : ” Piye mas kabare nak yo isi sawo, mung sarwa
becik wae”
Wawan : “ Ya awit pamujimu tetaku bareng karo ramane
Raden Kakrasana, Basuki ora ana alangan
sawiji apa”
Endah : ”Shokur Mas wadah buah, aku melu seneng”
Wawan : “ Hla piye kabare kowe Dhik ra ya Maesa Sura,
slamet tanpa reribet”
Endah : ” ya ya mas awit saka pamujimu aku tansah mberas
alit, nir ing sambikala”
Wawan : “ Lho Dhik kok ngembang kacang, polatanmu
mbesengut ana apa?”
Endah : ” Mas-mas aku iki lagu njagan gori, judhek tenan
pikiranku”
Wawan : “ Nadyan akeh masalah sing penting atine kudu
kembang gembili, digawe seneng atine”
Endah : ” Mas-mas kowe kuwi lho kok ngembang tebu,
glegas-gleges wae”
Wawan : “ Bareng nganggo klambi jawa katon mandhan rawa,
mangklingi tenan”
Endah : ” Mula wiwit mau kowe mung pijer anggenta dara,
nyawang tanpa leren”
Wawan : “ Yan gene iki lho Dhik yen wong kebacut grojogan
banyu, kadung tresna”
Endah : ” Kowe kuwi lho kok lilin nganggo bathik,senenge
ngalem wae”
Wawan : “ Iki basa kramane mbako kok Dhik, ya sayatane”
Endah : ” Yen ngono aku kaya rasane uyah, dadi isin”
Wawan : “ Isin-isin dadi siyung gajah, tambah nyanding
dadine”
Endah : ” Mina galak ning samodra, bacutna kandamu Mas”
Wawan : “ Swara ning jero dhadha, sansaya tambah
dheg-dhegan”
Endah : ” Jenang gula, aja lalli karo aku”
Wawan : “ Telek kukusan dhik, muga-muga kelaksanan”
Endah : ” Petis manis, pangucapmu sing tak ugemi”
Wawan : “ Wes ta dhik isi mendut, entenana panglamarku”
Endah : ” Ya yen gebuge polisi, aku manut karo kowe”
Wawan : “ Yen ngono aku ya kayu kanggo ngejik lemah,
setuju karo panemumu Dhik”
muga-muga kanthi conto ing duwur bisa nambah wawasan. matursuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar